Mantene irma

Irma ki adiku sik ragil,dino iki deknen nikah,dadi anake ibu ki kbh wis nikah,nuwun ya Alloh,kbh mlaku lancar opo kang dadi rencana.

Permulaan Bln Iki

Koyone wis 11 sasi taun 2009,iki wis meh entek taune,tak rasake aq durung enek perkmbngan,yo nek bab gawean tak syukuri,aq iso bertahan neng quantum luwih soko staun,artine luwih akeh anggonku sinau.jare wong2 kae sinau larang regane.awal wulan iki aq durung mulai kerjo,ibuku ngunduh pengajian,adiku rabi.blas ora cecekel,tapi aq iso bantu tenogo.lg wae om yudhi tlpun,ngabari menowo deknen lg arep buka usaha fotokopi.kbeh mau bab golek duit.piye crne ngudi pangan neng ndonyo.nek tak pikir bener kandane om yudi.ojo kesuwen melu wong,nek arep berkembang yo usaha dewe.tapi aq durung duwe modal,durung biso ngumpulke duit.mugo2 aq pindah solo iki iso dadi rezeqine keluargaku,iso ngumpulke modal,trus iso buka usaha.anaku iki sing dadi semangatku,deknen ajar mlaku nibo tangi ora nyerah,saiki wis iso mlaku.dadi inspirasiku.