dino tanggale tuwo

Podo biasane,aq isuk jam 8 wis tkan solo,aq mampir neng warung biasane
aq sarapan,tapi aq gur tku wedang susu coklat karo rokok sebatang.drg
nganti tutuk anggonku leren,kancaku nelpun,jare meh dikon dmo neng
TK,tp jebule rung enek jadwal.aq marani smp 2 sik tak dmo gek
senin,soale enek sing arep ngersake juicer,eh brg tak parani,jebul mlh
arep pikir2 disik,jan nek lambe adoh soko silit ki ora ngerti rasane
dadi seles.weh jan pdhl iki tanggale krj wis meh entek,gek pdhl
targetku isih kurang akeh.wa wa opo mergo iki tanggal tuwo yo,dadi
ibu2 do angel mutusi.

Salah tompo

Weh2,iki pas demo neng perumahan malangjiwan.bareng aq wis rampung
demo kancaku teko.eh karepe apik,ngewani anggonku arep closing,tp kan
ora ngerti asal-usul permasalahan sik mau tak adepi.yowis dadine bubar
jalan.wis rapopo,kancaku terus jaluk ngapuro.hehe kabeh mau mung salah
tompo. Balik yogya bareng,sakdurunge dibacutke lakune,mampir neng
angkringan delanggu,neng kono aq karo kancaku ngobrol2 sedelo,tengah2e
ngobrol alhamdulilah enek pelanggan sik ngebel jarene jaluk supoyo
kompore biso dikirim tgl 26,aq seneng banget,mugo2 besuk iso tambah
maneh.amin

dino kisruh

iki semangatku sik gegedhen opo pancen kahanan kyo ngene ku ujian.aku
isuk2 wis budal.jam 8.30 wis tekan kono,mampir ngopi lan rokoan,jadwal
smp 2 kartosuro jam 9.30,gurune jan ra respon blas,yo wis jan opo aq
sik salah demo opo piye yo?ketoke kbh sik diajarke senior wis tak
lakoni,opo yo durung rezeqi.jadwal jam 14.30 perum pbrik gula
colomadu,malah wis do duwe quantum.jadwal pungkasan jam 16,eh neng
perumhan ngarep2 hasil gedhe,jebul mlh sik dibooking tindakan,wah jan
dino kisruh,mugo2 sesuk enek ijole.

menyang gembiraloka

anaku sing nomer siji saiki wis iso mlaku,ndisik aq nadzar,menowo
anaku iso mlaku bakalane tak jak plesir neng bonbin.dino iki jam 9 nan
aq karo bojoku ngajak anaku plesir neng bonbin,sakdurunge mangkat
disangoni kakung 50.000,weh gek mben ki apik lho,kog saiki ora gek
ndang di rawat.

jajan sego goreng

wis suwi banget aku ora jajan sego goreng neng papan iki,segone
anyar,gek pulen,bumbune yo pas,papane yo kepenak kanggo
thenguk2,tepate neng jlatren.neng omah ora enek sego lan lawuh,mulo aq
jajan nong kene,sinambi mikirke opo sik tak lakoni sedino iki
mau.remang ora nganggo lampu,ananging teplok,nambahi suasanane dadi
resep kanggo mikir,gelaran kloso lan mejo ditoto,wah iso suwe ki nang
kene.

hondaku rusak

weluh,pacoban ki enek2 wae,motorku iki tak sayang bgt,wulan kepungkur
bar tak genti rantai,amargo pancen wis kendo2,ban alus kabeh ngarep
mburi,nah saiki malah oline rembes,nandake yen mesine ono sing ora
rapet.wah wah diuji tenan iki,gaweanku rung jejeg lha kog malah eneng
wae sik tak alami,jan2e abot bgt lehku arep mlaku ki,tapi jare wong2
kae,semakin gedhe ujian,semakin mundak tingkat kualitase awake
dhewe,mugo2 aq iso lulus ujian iki,amin.

sabtu pagi kelabu

isuk iki aq kudu demo neng sdn3 tohudan,solo.aq budal seko ngomah jam
7,tekan solo jam 8.15,aq jukuk alat demo neng papan wingi sore,tekan
kono malah ibue sik tuku kompor muni nek jaluk dikirim wulan ngarep,ah
kuciwo aku.wis,aku neruske laku,neng sdn3 tohudan,sakdurunge aku
ketemu garry sik,tak takoni opo jadwale wis dipending,jarene didadak
iso,aku budal tekan sd,eh ditolak,alasane ibu2 guru ora gelem.wis,aku
golek masjid nggo ngaso,mengko sore aq demo neng beteng,jare
arisan.mugo ono hasil.

ora nguciwani

iki mau aq sido budal solo,saiki wis neng ngomah.mau aq ora sido demo
neng arisan,amargo ora dikeparengke bu rt,wis ono demo kloso sing
bakal promosi,nanging aq ora kuciwo,amargo papan demo dialihke neng
warga biasa sing ora arisan,jam 5 sore lagi rampung anggonku demo,lan
alhamdulilliah iso hasil,enek 2 ibu2 kang ngersake kompor,dadi lungaku
dino iki mau ora nguciwani,ananging targetku isih kurang akeh,dadi aku
kudu maksimalke jadwal promosine,supoyo iso oleh hasil kang luwih
okeh,amin.

udan deres bgt

wheluh,malah udan deres bgt,padahal dino iki aq kudu demo neng
kartosuro,eh malah udane deres bgt,iki nek tak bacutke mesti
klebus,soale aq ora duwe mantrol sik rupo klambi,duwene gur mantrol
kotak biasa,nek nekad yo mesti teles kabeh,kamongko aq ngagem sepatu
kulit,gek motorku ora enek papan kanggo nyimpen,nek motor saiki kan
neng ngisor jok enek papan kanggo nyeleh perkakas,wah piye yo,padahal
targetku isih kurang okeh ki piye,mugo2 gek cepet terang,iki jam
1,demoku jam 3,ya alloh mugo2 gek terang,amin.

Curhat Gawean I

weh iki minggu 2 aq melu cabang solo,pas pisanan mlebu,minggu
wingi,lagi 3 dino kerjo wis oleh 21 pembeli,eh bar kui,lha kog blong
terus,malah wingi sik pesen jenenge bu lilik,5 unit do njaluk wulan
ngarep,dadi kurang.eh malah kancaku sik tukang golek jadwal ki hobbyne
facebook,lali golek papan demo,koyo isuk iki mau,aku wis budal soko
jogja isuk,eh sampe kartosuro durung enek jadwal,malah aku melu
mubeng2 golek jadwal demo neng intansi,eh ora enek sik ditompo
kabeh,jan kancaku rodo eror,tekan kapan???

sd al-islam kartosuro(keterangan)

simbah tekan sd ne iku jam 9.15,dimanggake karo bu umi salasatun,kui
kepala sekolah neng kono,kompor ditoto,bareng bel tondo ngaso
muni,simbah mulai demo kompor.kiro2 20menit simbah rampung anggone
nerangke bab kompor,ibu2 katon tertarik,bareng ngerti regone kog mak
jegagik podo mundur tertur,podho ngendiko yen kompore larang,simbah
ngrayu2 tete ora do kepingin,bareng bel tondo mlebu,ibu2 bubar ngajar
maneh,bareng simbah takon ibu guru sik ora ngajar,jebul ibu2 guru iku
ora enek sik pegawai negri.

budhal kawanen

dino iki simbah budal kerjo rodo kawanen,jam 7.15 lagi budal soko
jogja,tekan kartosuro jam 8.20,jujukane simbah warung emplek2 pinggir
dalan kanggo sarapan,pecele enak,simbah cocok,regane yo gur murah,sego
pecel karo endog biasane gur 3000 rupiah,ora let suwe konone simbah
teko,jenenge garry,iku sing tukan nggolek papan kanggo demo,atine
simbah rodo ayem,amargo jadwale demo simbah jam 9.30,sd al-islam
kartosuro,yo ndedongo mugo2 iso hasil ibi guru podho ngerske
kompor,amin.

garwaku lembur

jam 02 isuk,simbah digugah,dicawiske kpo panas lan mi godhog,ora
amargo luwe,nanging amargo ngancani garwane mbah lembur,pasang
payet,payet iku manik2 supoyo pakean katon pating kerlip,iku pakean
pesenan uwong,kang arep dijukuk,garwane simbah nggewangi nyukupi
kebutuhan saben dinone,yoiku jahit menjahit,amargo nek simbah dewe
hasile durung iso diandelke,nanging simbah tetep usaha supoyo tembe
besuk iso jejek bakoh ekonomine,ben supoyo garwane simbah ora lembur2
meneh,mugo2 gusti ALLOH ngijabahi,amin

wayah wengi

wis jam 11 kliwat,simbah durung iso nendro (:micek),swaraning jam
tembok kog katon mratelakake menowo wektu kui ora bakalane mandheg,lha
kog mataku ki isih mlirik wae,angel dijak turu,opo mergo kakehan
pikiran to yo,jan wayah wengi kog sarwo kelingan,koyo to awan
mau,garwane simbah ki duwe gegayuhan tuku pit onthel,karepe ben iso
ngeterke anake simbah sik lagi umur 1th iki,yo lagi saiki bocah umur
samono disekolahke,eh yo mugo2 simbah ki diparingi rezeqi sing
akeh,pendongaku mring Alloh SWT.

redaksi

assalamu'alaikum wr.wb.
théng" crit,alias thénguk" crito,maksute lungguh" sinambi crito,rak ngono...,yo pancene simbah ki senenge crito,mulo iki tulisan"ne simbah kanggo pengeling" anggone simbah dolan" saben ndinane,ojo kaget menowo simbah ngising ugo bakalan dicritake,jenenge wae crito opo wae,agomo,kerjo,saru2 yo ono,nesu2 yo enek,pokoe kabeh enek,yo mugo2 wae simbah diparingi rezeqi lancar,dadi iso tumbas pulsa terus,supoyo iso posting terus,wis ngono sik wae,disambung sakbanjure
wassalamu'alaikum